1.Suroboyo duwe TAMAN BUNGKUL
Lokasine nang Jl. Raya Darmo, dilengkapi amfiteater , trek gawe jogging , taman
gawe dolenan arek-arek cilik , trek gawe maen skateboard , karo warung2 cilik
nang bagian mburi , isok digawe ngenet gratis pisan . Awale Taman Bungkul
dijupuk teko jenenge Mbah Bungkul , seng kuburane yo onok nang lokasi kene .
Mbah Bungkul dewe iku asline Ki Supo , ulama teko kerajaan Majapahit abad ke 15
, ipare Sunan Ampel.
2. Suroboyo duwe Pasar Blauran
Pasar barang eceran seng paling suwe ngadek karo paling lengkap nang Suroboyo , seng tetep eksis sampek saiki . Pasar iki dibagi 3 lantai antarane , laintai 1 isine toko-toko seng dodolan buku-buku keperluan sekolah , toko elektronik , toko kosmetik , toko arloji karo jam dinding , karo pasar panganan khas Suroboyo . Nang lantai 2 onok toko sepatu merk lokal karo perlengkapan seragam sekolah , lantai 3 onok klambi2 kualitas II . Sek onok pisan took-toko kain karo penjahit-penjahit nang lantai-lantai paling dukur seng gak ketok nek gak digolek'i sampek notok . Regane ojok kuatir, miring ! Lokasine nang Kranggan pojok, Jl. Blauran
3.Suroboyo duwe Tunjunagn Plaza
Singkatan'e TP , pusat'e belonjo seng paling terkenal nang Suroboyo ,
didekno taon 1986 . Panggone paling strategis , nang pusat'e kota , antara
dalan Basuki Rachmat karo Embong Malang. TP iki duwe 4 bangunan seng
nyambung dadi siji , TP I-IV.
4.Surobopo duwe Monumen
Bambu Runcing
Monumen iki ngadek
tegak nang dalan Jendral Panglima Sudirman . Bentuk'e sak kumpulan pring
(bambu) runcing seng artine lambang semangat arek-arek Suroboyo pas ngelawan
penjajah mek nggawe senjata sak onok'e masio mek karo pring seng ndukur'e dilandepno
.
Monumen ini terdiri teko 5 pilar beton seng dukur'e gak podo , dibentuk koyok pring/bambu seng runcing . Kadang kumpo banyune disetel , dadi banyune metu teko masing-masing bolongan bamboo . Monumen iki dikelilingi tanaman hias warna-warni , dadi ketok asri pas lewat kene . Opo maneh Surabaya Pusat saiki wes mulai macet nek isuk karo sore , nontok monumen iki ben rodok seger..

5.Suroboyo duwe
Zangrandi
Kedai es-grim (ice
cream) paling tuwek nang Suroboyo seng sek bertahan sampek saiki . Kedai iki
didekno ambek Renato Zangrandi seng asline wong Italia , taon 1930 . Lokasine
strategis , seberang'e Balai Pemuda , Jl. Yos Sudarso no. 15. Bangunan
Zangrandi sek bertahan nggawe bangunan asline sampek saiki , mulai teko pintu ,
jendelo , mejo , kursi sek koyok pertama toko es-grim iki dibangun supoyo
suasana jaman biyen'e sek keroso. Regane es-grim'e antara 12.000-25.000 . Tapi
selaen iku , nang kene yo nyediakno pangganan ringan gawe ngancani mangan
es-grim'e , misal'e koyok risoles , lumpia , siomay .
6. Suroboyo duwe Balai
Pemuda
Balai Pemuda dewe biyen
asline panggonan gawe pesta'e meneer karo mevrouw Belanda , dadi wong-wong elit
iku nek mari pesta mampir disik nang Zangrandi .
Sejarah'ne:
1. 1907 – 1945 Nggone perkumpulan wong-wong Belanda seng jenenge “De Simpangsche Societeit” . Pusat rekreasi wong-wong Belanda gawe ngadakno pesta, dansa , bowling...
2. 1945 Gedung iki terus dikuasai Arek-arek Suroboyo seng jenenge Pemuda Republik Indonesia (PRI) , sekaligus MARKAS PEMUDA Arek-arek Suroboyo . Tapi tentara Belanda ngelawan , akhire Arek-arek Suroboyo mundur , gedung iki dikuasai tentara Belanda.
3. 1950 Pas Indonesia wes merdeka , Arek-arek Suroboyo mlebu nang kota , gedung iki dikuasai Penguasa Militer Propinsi Jawa Timur , seng dadi pelaksana Penguasa Militer iku KMKB Surabaya.
4. 1957 Pemerintah Daerah ngusaha'no gedung iki dadi Balai Pertemuan Umum seng jenenge BALAI PEMUDA . Sesuai karo fungsine dadi pertemuan umum , Balai Pemuda digawe kegiatan-kegiatan pertemuan , pesta , rapat gawe pihak seng ancen pengen nggawe.
5. 1965 Seng gak kalah penting , BALAI PEMUDA yo nampung kegiatan pemuda tapi yo digawe sekretariat sekaligus markas FRONT PEMUDA . Pas awal Orde Baru digawe markas KAMI karo KAPPI gawe numpas G30S/PKI.
6. 1971 – 1972 Gedung seng wetan (timur) rusak . Karo Walikotamadya Suroboyo , R.SOEKOTJO , njupuk kebijakan gawe ngubah gedung iki . Awal 1972 gedung iki dadi BALAI PEMUDA MITRA.
7. 1979-1980 Pemugaran gedung seng kulon (barat) , mari taon 1980 , gak onok perubahan bentuk gedung seng asli dadi nilai sejarah'e sek ketok.
8. 1980 Gedung seng nggone strategis nang jantung kota iki ngadek megah seng nang njerone onok riwayat sejarah Arek-arek Suroboyo . Para pemuda nggawe gedung iki gawe kegiatan-kegiatan social . Selain iku yo digawe pusat kegiatan apresiasi seni budaya seniman/seniwati Suroboyo.
8. 1980-saiki , Disebelah lor digawe Dewan Kesenian Surabaya karo Walikotamadya . Dadi Pusat Pagelaran Kesenian Surabaya (PPKS) , termasuk pusat pembinaan seniman/seniwati seng tergabung nang Bengkel Muda Surabaya (BMS) karo Akademi Seni rupa Surabaya (AKSERA) . Gedung balai pemuda iki isok disewa'no gawe masayarakat seng tujuane antara lain gawe : Resepsi Pernikahan , Seminar , Pameran , Audisi Seni , Pagelaran Musik...

7.Suroboyo
duwe Cak Cuk
Cak Cuk jeneng
perusahaan teko Suroboyo seng didekno nang Suroboyo tanggal 10 November 2005 .
Tujuane gawe souvenir alternatif wong-wong seng teko nang Surabaya , utowo wong
Suroboyo dewe seng urip nang kota liyo , isok ngobati kangen'e karo Suroboyo.
Cak Cuk ngangkat tema budaya lokal seng kental , nakal tapi cerdas , seng dikemas dadi lucu nang desain-desain'e , koyok misal'e Suroboyo iku Kota Pahlawan , Kota 1001 Makanan , Kota Misuh , Kota Buaya , Kota Bonek.
Cak-Cuk wes dadi trademark resmi kaos oblong seng isine seluk beluk Suroboyo . Kaos oblong kreatifitas

Cuma mau kasih saran aja, kalo copas tulisan pindahin ke notepad dulu baru ke blog biar tulisannya gak jadi putih" gitu.
BalasHapus